Rabu, 03 Maret 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN

Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukara tanduk, ukara tanggap, ukara lamba, lan ukara camboran. 

a. Ukara Carita

Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks "Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta" , semaken sing tliti!

1. SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.

2. Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara.

Tuladha ukara 1 lan ukara 2 ing dhuwur yen dideleng saka isine cetha banget manawa nerangake, nggambarake, nyritakake sawenehe bab. Ukara nomer 1 nyritakake yen SMP Tunas Bhakti ajeg nganakake rekreasi utawa karya wisata, dene ukara nomer 2 nyritakake kahanan kutha Yogyakarta sing dadi jujugane para wisatawan. 

b. Ukara Lamba

Ukara Lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.

Tuladha: Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan. 

Para siswa kelas 9 = jejer

Nulis                      = wasesa

Laporan kegiatan   = lesan

c. Ukara Camboran

Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sejajar lan camboran susun.

1. Ukara camboran sajajar

Ukara camboran sejajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar  wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng tuladhane : lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane.

Tuladha:

(1). Bani mangan bakso lan Doni mangan soto

(2). Sumantri awake kuru, nanging Gunawan awake lemu.

2. Ukara camboran susun

Ukara camboran susun yaiku ukara kang kadadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku (induk kalimat), gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang diarani uga ukara tambahan (anak kalimat).

Tuladha: 

(1). Rina ora melu dolan menyang omahe Gina // jalaran lara.

Rina ora melu dolan menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti.

Jalaran lara, sing diarani klausa pang.

(2). Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku.

Nalika mulih sekolah sing diarani klausa pang.

Dwiki mampir toko buku, sing diarani klausa inti.



PAUGERAN NULIS TEKS LAPORAN KEGIATAN

Ana bab-bab kang kudu digatekake sajroning nulis laporan kegiatan, ing antarane yaiku:

(1) Nulis laporan kegiatan kudu migatekake struktur teks.

(2) Nulis laporan kegiatan kudu runtut kareben gampang dimangerteni kanthi migunakake tata basa sing bener. Supaya runtut mula gunakna pitakon kang nganggo unsur 5W lan 1H.

Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan:

1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.

2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.

3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa, gunane kanggo nakokake alasan.

4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.

5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.

6. How, tegese kepriye.Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.


Supaya luwih paham, ayo disimak video iki !

https://youtu.be/IIcjL0Rn5bA

Kanggo latihan, garapen tugas iki !

https://forms.gle/PZrRuRWQZc5ff4S76



Minggu, 14 Februari 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 1

TEKS LAPORAN KEGIATAN

Tuladhane: 

- Laporan kegiatan study tour

- Laporan kegiatan rekreasi

- Laporan kegiatan acara Agustusan



Struktur Teks Laporan Kegiatan, Ada 3 yaitu :

1. Pambuka

2. Isi

3. Panutup

PAMBUKA yaiku isine andharan apa wae sing gegayutan karo lelandhesan sajrone nganekake kegiatan. Pambuka, dumadi saka:

- Gegambaran lan lelandhesan kegiyatan

- Ancas lan tujuwane kegiyatan

ISI LAPORAN yaiku sakabehaning laporan kegiatan sing perlu dingerteni dening wong akeh utamane wong sing maringi tugas. 

Isi laporan dumadi saka: 

- jinise lan jenenge kegiatan

- wektu lan panggonan

- para paraga sing nindakake (peserta lan panitia)

- persiapan lan rencana kegiatan

- reribet /pepalang sing diadhepi

- asil laporan sakabehaning kegiatan

PANUTUP LAPORAN, yaiku perangan kang umume ana dudutan, panyaruwe, atur panuwun marang pihak-pihak sing wis sabiyantu.


TUJUWAN PANULISAN TEKS LAPORAN KEGIATAN

Tujuan panulisan teks laporan kegiatan yaiku :

a. kanggo ningkatake lan ngrencanaake kegiyatan sabanjure

b. Minangka pancatan kanggo kawicaksanane pimpinan

c. Kanggo bukti menawa kegiyatane wis dileksanakake 

d. Bahan kanggo monev (monitoring lan evaluasi) kegiyatan

 

TATA CARA PANULISAN TEKS LAPORAN KEGIATAN

Sadurunge nulis laporan kegiatan, bab-bab sing kudu dilakoni yaiku:

  1. Nyathet sakabehane kegiatan (adhedhasar jadwal) sing wis kaleksanan apadene sing durung kaleksanan
  2. Nglumpukake dhata-dhata utawa bahan-bahan sing arep dilapurake
  3. Nggawe cengkorongan/warangka laporan kang isine pambuka, isi, panutup
  4. Ngembangake cengkorongan laporan sing wis digawe

Bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis laporan kegiatan yaiku:

  • Laporan sing ditulis ringkes, padhet, lan jelas
  • Penulisane runtut lan sistematis
  • Basa kang digunakake prasaja lan gampang dingerteni
  • Isine jangkep (wis nyakup sakabehaning kegiatan kanthi rinci)
  • Panulisane narik kawigaten (umpamane bab desain lan sampule)
  • Adhedhasar kanyatan (fakta), dhata, lan akuntabel
  • Jadwal lan wektune kudu pas
  • Ngelampirake foto kwitansi, lan dokumen penting liyane

Supaya luwih gamblang, ayo disimak video iki 

https://youtu.be/aVVBkfuqtt0

Kanggo Latihan-latihan Soal, Ayo  diklik link quizziz iki!

https://quizizz.com/join?gc=55691452

 





Minggu, 24 Januari 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB IV Pekan 3

NULIS TEKS DRAMA & MAIN DRAMA

a. Nulis Teks Drama

Lakone teks drama sumbere saka lelakon ing kasunyatan uripe manungsa, nanging bisa saka lelakon sing wis rupa crita (cerkak, novel) utawa saka liya-liyane. Ing ngisor iki carane nulis teks drama prasaja : 

1. Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema sing dipilih sing dianggep paling dramatik / ana konflik (pertentangan).

2. Saka tema, nemtokake plot.

3. Nemtokake tokoh lan penokohan (sifat, watak, perilaku, ciri fisik, lsp)

4. Nulis crita jangkep. 

 

b. Main Drama

Dhasar-dhasar main drama. Paraga / pemeran bisa maragakake lan nguripake tokoh sing ana ing teks drama kudu paham lan nguwasani dhasar-dhasare main drama. 

Dhasar-dhasar main drama sing paling penting kudu dikuasani yaiku :

1. Interpretasi : paraga /pemeran kudu bisa nginterprestasekake teks / naskah drama selaras karo tokoh sing diparagakake.

2. Ekspresi  : sesambungan karo owah-owahan praen / wajah sing bisa nggambarake lan nguripake tokoh ing drama.

3. Olah tubuh : Obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing drama.

4. Olah swara : kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, dan intonasi. 


Supaya luwih faham, ayo padha disimak video iki 

https://youtu.be/GWWXFmYtAls

 Kanggo latihan-latihan soal, ayo diklik link quizziz iki!

https://quizizz.com/join?gc=12789948



Minggu, 17 Januari 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB IV Pekan 2

 

UNSUR BASA ING DRAMA MODERN BASA  JAWA

Unsur basa sing diandharake ing teks drama Jawa yaiku awujud:

1. Dhialog. Teks dhialog minangka teks sing bakal dilisanake para paraga, salaras karo panulisane ukara langsung / lisan lan salaras uga karo trap-trapane basa. 

2. Gancaran . Teks gancaran iku arupa crita / prosa sing diwaca dening NARATOR / dhalang, uga bisa wujud andharan sing ana sesambungane karo panggung lan apa bae sing kudu diparagaake paraga.

Teks gancaran bisa manggon ing awal arane PROLOG, ing akhir diarani EPILOG.


a. Ciri Basane Teks Drama

Cirine teks drama sing baku mesthi rupa dhialog, sing rupa gancaran lumrahe rupa katrangan-katrangan sing ngenalake tokoh sasipat lan watake, situasi, swasana sing arep digambarake ing teks drama. 

Tuladhane :

Teks dhialog :

Sudra  : Iya.. iya ...! Sak karepmu !!, Heh tapi aja kesuwen lehmu leren lo, amerga awake dhewe wis dipasrahi koran karo Ko Mehong, dina iki kudu setor akeh, Dri.

Badri  : Iya Dra, aku ngerti. Yo wis mari ngene tak ngadek banjur ider koran maneh. 

Teks gancaran : 

Pungkasane perjuangane bocah loro iku mung bisa dirasakake seneng lan bungah marang salah siji bocah thok, ora liya yaiku Badri. Badri banjur bisa sekolah. Lha yen pas wayahe libur sekolah utawa dina Minggu Badri mulih nang omahe wong tuane sing asli, uga ora lali nyambangi kancane sing isih dadi loper koran ing dalanan.


b. Unggah-ungguh Basa

unggah-ungguh basa manut trap-trapane tembung kang digunakake ing ukara ing teks drama, ana rong perangan gedhe yaiku :

1. Ukara nganggo tembung KRAMA

2. Ukara ngganggo tembung NGOKO

Krama ana loro yaiku krama alus lan krama lugu, semono uga ngoko uga ana loro yaiku ngoko alus lan ngoko lugu.

Tuladhane : 

- ngoko lugu : 

Sudra : Ora usah kakehan omong Dri. Wong tuwa iki gek ayo dijunjung neng ngemper toko kono.

- ngoko alus : 

Bu Surantani : (Sinambi nyerbeti piring, bu Surantani ngomong dhewe). Mbah Kung, yahmene kok durung KONDUR iki parane TINDAK ngendi wae ta?

- krama alus : 

Sudra  : Nami kula Sudra. Griya kula Kedungwaru. Mbah, kados pundi  menawi njenengan kula dherekaken kondur ?


Supaya luwih faham iki ana tuladha drama sing diperanake siswa2 ing sekolah, ayo disimak !

https://youtu.be/o-WcE8hnDwg



Selasa, 05 Januari 2021

MATERI BAHASA JAWA KLS 9 BAB IV Pekan 1


 DRAMA MODERN BASA JAWA

Kompetensi Inti : Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak nyata.

Kompetensi Dasar 3.4 : Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral dari teks drama modern. 

Tujuan Pembelajaran :

1. siswa dapat menjelaskan struktur teks drama modern

2. siswa dapat mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam teks drama modern

3. siswa dapat mengidentifikasi karakter tokoh dalam drama modern 

Kompetensi Dasar 4.4 : Melakukan kegiatan bermain peran drama modern.

Tujuan Pembelajaran : 

1. siswa dapat menulis skenario drama modern

2. siswa dapat bermain peran drama modern.


MATERI

Drama yaiku 

sawijining seni panggung (pentas) kang nyritakake riwayat sawijine paraga (tokoh) kang ngemu pesen / amanat kang sinandhi ing njerone.

utawa ing definisi liyane, drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung kanthi kreativitas panulis naskah, disengkuyung para paraga, rupa pacelathon (dhialog), lan tingkah laku. 

Ing tlatah Jawa drama iku uga diarani SANDHIWARA

Jinise drama :

1. drama tradisional : drama kang nyritaake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar (fiksi)

2. drama modern : drama kang nyritaake uripe manungsa saben dina, kanthi tujuwan aweh patuladhan tumrap urip bebrayan. 

Struktur Teks Drama :

1. DHIALOG : pacelathon kang kudu diucapake para paraga, kanthi penghayatan salaras karo tokoh sing diperanke.

2. TEMA : inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane. 

3. TOKOH: paraga sing dadi lakon ing drama, lakune salaras karo karakter / watak sing ana ing crita drama.

4. PLOT : alur atawa rerangken sing ngrakit crita ing teks /naskah . Plot dumadi saka : 

- Eksposisi. 

- Komplikasi 

- Klimak 

- Anti klimak 

- Ending 

EKSPOSISI : paparan sing nepungake tokoh, menehi katrangan ngenani papan panggonan,wektu, lan swasana.

KOMPLIKASI : konflik / masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku, ana tantangan lan gayeng ing saben adegan.

KLIMAK : konflik-konflik ing adegan-adegan muleg dadi konflik puncak utawa klimak.

ANTI KLIMAK : para paraga wis nemokake cara kanggo ngrampungake prakara (peleraian).

ENDING /RESOLUSI : kawusanane crita.

Unsur Sajroning Drama:

1. Unsur intrinsik

2 Unsur ekstrinsik

Unsur Intrinsik Drama :

1. Paraga : pawongan sajroning crita drama.

2. Latar ( setting) : panggonan lan wektu dumadine crita drama

3. Alur : urut-urutane prastawa ing crita drama wiwit saka prolog, klimaks, nganti tumekaning pungkasan crita.

4. Dialog : pacelathon antaraning paraga sajroning drama.

Unsur Ekstrinsik drama :

1. Tema : underaning crita drama

2. Ancas ( Amanat) : nilai-nilai moral kang kinandhut sajroning drama.


Supaya luwih faham ayo disimak video iki

https://youtu.be/l77gv1oGQEs




Kamis, 19 November 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX Pekan 3

 PRANATACARA & STRUKTUR TEKS PRANATACARA

Tujuan : 

1. Menjelaskan pengertian Pranatacara

2. Menjelaskan struktur teks pranatacara

MATERI

Pranatacara kena uga diarani :

- Pambyawara

- Pranata adicara

- Panata adicara

- Juru wicara

- Pranata laksitaning adicara

-  Master of Ceremony utawa MC

- Pewara

Yaiku salah sawijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa.

Pranatacara mujudake pawongan kang nglantarake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa, kayata temanten, kesripahan, pasamuan, pepanggihan, pengajian, lan sapanunggalane.

Pranatacara  / pambyawara kudu bisa nglafalake / ngucapake tetembungan basa krama inggil kanthi bener, sarta nata swara supaya tetep narik kawigaten. Saliyane swara, nafas uga kudu ditata, solah bawa  digladi supaya pantes luwes  lan teges. 

Bakune wedharan pranatacara kudu urut lan runtut pilah pilahe satemah isine wedharan bisa jumbuh karo ayahan sing kudu ditindakake. 

Supaya urut lan runtut sing diwedharake kudu manut struktur teks pranatacara :

1. Salam pambuka

2. Purwaka

3. Isi

4. Wasana

5. Salam panutup

Ing kene kang perlu dijelasake:

- Purwaka

yaiku atur pangandikan minangka pambuka. Parangane purwaka ing antarane:

1) asung pakurmatan marang para tamu

2) muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi

3) ngaturake gatining ayahan

4) ngaturake reroncening adicara

5) tata laksitaning adicara kawaca saka panbuka nganti tekan panutup, banjur para tamu kasuwun lenggah kanthi sekeca, angantu adicara sabanjure.

- Isi utawa peranganing isi kang wigati 

yaiku isining pangandikan sing kagalong wigati tumarappanata adicara kayata ngaturake saben-saben adicara. Anggone ngaturake adicara sing arep lumaku kudu cetha. Siji-siji para paraga kang nyengkuyung diaturi kanthi cetha.

- Wasana

yaiku atur kang minangka panutup. Dene perangan wasana, tumrap panta adicara ing antarane:

1) njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan sarta sakabehing kekurangane kang mengku gati anggone atur lungguh suguh

2) ndherekake sugeng kondur marang para tamu

3) ngarurake adicara panutup kanthi salam panutup.

Supaya luwih faham ayo disimak video iki 

https://youtu.be/yPZEdhMM_XY


TUGAS:

Wangsulana pitakon-pitakon iki!

1. Apa kang diarani pranatacara iku?

2. Apa bae tetembungan liya kanggo tembung pranatacara?

3. Apa kang diaturake pranatacara ing purwaka (pambuka)?

4. Apa kang diaturake pranatacara ana ing perangan wasana?



Senin, 16 November 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB III Pekan 2

 NULIS TEKS SESORAH

Tujuan : 

1. Menjelaskan cara membuat teks sesorah

2. Membuat teks sesorah


MATERI

Sesorah yaiku medarake gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi cara lesan. Mula supaya mengko ora gugup ana ing podium lan ben ora ana materi kang kliwatan sarta isa narik kawigatene para-para kang mirengake becike disiapake samubarange, salah sijine yaiku teks sesorah. 

Urut-urutane nulis teks sesorah yaiku :

1. Nentokake tema

Tema mujudake bakuning gagasan sing bakal diwedharake. Bisa bab kasarasan, pendidikan, bebrayan, lan sapanunggalane.

2. Nentokake ancas / tujuan

Ancas sesorah :

- menehi kawruh

- menehi  kabar

- atur lelipur

- pangajak-ajak

3. Ngumpulake bakalan materi

Materi bisa dijupuk saka :

- maca buku

- maca koran /majalah

- browsing internet

- TV

- Radio

4. Gawe cengkorongan

- salam pambuka

- pambuka

- isi

- pangarep-arep

- panutup

- salam panutup

5. Nulis teks sesorah

Sawise cengkorongan wis dadi dibacutake nulis teks sesorah sing utuh kanthi nggatekake tema, ancas sesorah lan cengkorongan sing wis digawe supaya teks bisa runtut satemah narik kawigatene kang mirengke. 

Aja lali unggah-ungguh basa kang digunakake kanthi nggatekake sing rawuh iku sapa wae.


Supaya luwih faham ayo disimak video iki 

https://youtu.be/uQ-oBV4JuRY 

TUGAS: Gawea teks sesorah kanthi tema pandemi covid-19 !



MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...