Kamis, 19 November 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX Pekan 3

 PRANATACARA & STRUKTUR TEKS PRANATACARA

Tujuan : 

1. Menjelaskan pengertian Pranatacara

2. Menjelaskan struktur teks pranatacara

MATERI

Pranatacara kena uga diarani :

- Pambyawara

- Pranata adicara

- Panata adicara

- Juru wicara

- Pranata laksitaning adicara

-  Master of Ceremony utawa MC

- Pewara

Yaiku salah sawijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa.

Pranatacara mujudake pawongan kang nglantarake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa, kayata temanten, kesripahan, pasamuan, pepanggihan, pengajian, lan sapanunggalane.

Pranatacara  / pambyawara kudu bisa nglafalake / ngucapake tetembungan basa krama inggil kanthi bener, sarta nata swara supaya tetep narik kawigaten. Saliyane swara, nafas uga kudu ditata, solah bawa  digladi supaya pantes luwes  lan teges. 

Bakune wedharan pranatacara kudu urut lan runtut pilah pilahe satemah isine wedharan bisa jumbuh karo ayahan sing kudu ditindakake. 

Supaya urut lan runtut sing diwedharake kudu manut struktur teks pranatacara :

1. Salam pambuka

2. Purwaka

3. Isi

4. Wasana

5. Salam panutup

Ing kene kang perlu dijelasake:

- Purwaka

yaiku atur pangandikan minangka pambuka. Parangane purwaka ing antarane:

1) asung pakurmatan marang para tamu

2) muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi

3) ngaturake gatining ayahan

4) ngaturake reroncening adicara

5) tata laksitaning adicara kawaca saka panbuka nganti tekan panutup, banjur para tamu kasuwun lenggah kanthi sekeca, angantu adicara sabanjure.

- Isi utawa peranganing isi kang wigati 

yaiku isining pangandikan sing kagalong wigati tumarappanata adicara kayata ngaturake saben-saben adicara. Anggone ngaturake adicara sing arep lumaku kudu cetha. Siji-siji para paraga kang nyengkuyung diaturi kanthi cetha.

- Wasana

yaiku atur kang minangka panutup. Dene perangan wasana, tumrap panta adicara ing antarane:

1) njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan sarta sakabehing kekurangane kang mengku gati anggone atur lungguh suguh

2) ndherekake sugeng kondur marang para tamu

3) ngarurake adicara panutup kanthi salam panutup.

Supaya luwih faham ayo disimak video iki 

https://youtu.be/yPZEdhMM_XY


TUGAS:

Wangsulana pitakon-pitakon iki!

1. Apa kang diarani pranatacara iku?

2. Apa bae tetembungan liya kanggo tembung pranatacara?

3. Apa kang diaturake pranatacara ing purwaka (pambuka)?

4. Apa kang diaturake pranatacara ana ing perangan wasana?



Senin, 16 November 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB III Pekan 2

 NULIS TEKS SESORAH

Tujuan : 

1. Menjelaskan cara membuat teks sesorah

2. Membuat teks sesorah


MATERI

Sesorah yaiku medarake gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi cara lesan. Mula supaya mengko ora gugup ana ing podium lan ben ora ana materi kang kliwatan sarta isa narik kawigatene para-para kang mirengake becike disiapake samubarange, salah sijine yaiku teks sesorah. 

Urut-urutane nulis teks sesorah yaiku :

1. Nentokake tema

Tema mujudake bakuning gagasan sing bakal diwedharake. Bisa bab kasarasan, pendidikan, bebrayan, lan sapanunggalane.

2. Nentokake ancas / tujuan

Ancas sesorah :

- menehi kawruh

- menehi  kabar

- atur lelipur

- pangajak-ajak

3. Ngumpulake bakalan materi

Materi bisa dijupuk saka :

- maca buku

- maca koran /majalah

- browsing internet

- TV

- Radio

4. Gawe cengkorongan

- salam pambuka

- pambuka

- isi

- pangarep-arep

- panutup

- salam panutup

5. Nulis teks sesorah

Sawise cengkorongan wis dadi dibacutake nulis teks sesorah sing utuh kanthi nggatekake tema, ancas sesorah lan cengkorongan sing wis digawe supaya teks bisa runtut satemah narik kawigatene kang mirengke. 

Aja lali unggah-ungguh basa kang digunakake kanthi nggatekake sing rawuh iku sapa wae.


Supaya luwih faham ayo disimak video iki 

https://youtu.be/uQ-oBV4JuRY 

TUGAS: Gawea teks sesorah kanthi tema pandemi covid-19 !



Selasa, 03 November 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB III Pekan 1

PIDHATO (SESORAH)

Tujuan : Menjelaskan struktur teks pidhato


MATERI

Pangerten Sesorah

Sesorah iku mujudake salah sijine kegiyatan kanggo medharake gagasan ana sangarepe wong akeh kanthi cara lisan.


Tujuwane sesorah :

1. menehi kawruh

2. menehi kabar

3. atur lelipur

4. pangajak-ajak


Struktur teks sesorah :

1. salam pambuka

2. purwaka (pambuka)

3. surasa (isi)

4. pangarep-arep

5. wasana (panutup)

6. salam panutup


Salam pambuka : ngucapake salam minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan.

Pambuka             : atur pamuji syukur marang Gusti kang Maha Agung

Isi                         : medharake kang dadi wigatine sesorah

Pangarep-arep    : pangarep-arep utawa nyuwun donga pangestu

Panutup               : nyuwun pangapura mbokmenawa ana luput anggone sesorah

Salam panutup    : ngucapake salam 


Supaya luwih gamblang, ayo disimak video iki 

https://youtu.be/oVJ4kQeXBns




MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...