Rabu, 09 September 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB 2 Pekan 1

MATERI

 DRAMA TRADISIONAL

Pangerten drama tradisional 

  • Drama tradisional yaiku crita panguripan ing jaman biyen sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung kanthi kreativitas penulis naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon / dialog, lan tingkah laku.
  • Tuladhane : ludruk (Jawa Timur), kethoprak (Jawa Tengah), lenong (Jawa Barat)


Struktur teks drama tradisional

Wujude teks drama bisa dideleng saka struktur teks lan unsur basa. 

Struktur teks:

1. Dialog yaiku pacelathon kang kudu diucapake para paraga 

2. Tema yaiku inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane

3. Plot yaiku alur utawa rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah drama nanging uga ing saben adegan 

Alur Drama:

1. Eksposisi yaitu perangan paparan sing nepungake/ngenalake paraga/tokoh, menehi katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan swasana, uga paparan ngenani rengrengan crita sing arep dipentasake

2. Komplikasi yaiku konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku

3. Klimaks yaiku konflik - konfliking adegan-adegan muleg dadi konflik puncak utawa klimaks

4. Anti Klimaks yaiku klimaks ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet /masalah

5. Ending/Resolusi yaiku kawusanane cerita 


Unsur Kang Ana Ing Drama 

1. Unsur Intrinsik Drama

  • Tema yaiku gagasan utama kang diandharake pangripata utawa pengarang
  • Paraga yaiku Pawangan kang ana ing sajroning drama
  • Alur yaiku urut urutan crita kang ana sajroning drama, saka wiwitan nganti pungkasaning crita. Alur dewe dipernag /dibagi dadi telu yaikku alur maju, alur mundur, lan alur campuran
  • Pepeling yaikut proses pengarang kang arep diaturake marang pamaos/sing maca supaya para pamaos nindakake apa sing dikarepake pengarang

2. Unsur Ekstrinsik 

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane drama, nanging nduweni pangaribawa/pengaruh sing gedhe. Upamane faktor sosial politik, faktor eknomi, faktor lingkungan lsp.  


Untuk mempelajari lebih lanjut silakan klik link di bawah ini

klik disini 




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...