Rabu, 03 Maret 2021

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN

Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukara tanduk, ukara tanggap, ukara lamba, lan ukara camboran. 

a. Ukara Carita

Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks "Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta" , semaken sing tliti!

1. SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.

2. Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara.

Tuladha ukara 1 lan ukara 2 ing dhuwur yen dideleng saka isine cetha banget manawa nerangake, nggambarake, nyritakake sawenehe bab. Ukara nomer 1 nyritakake yen SMP Tunas Bhakti ajeg nganakake rekreasi utawa karya wisata, dene ukara nomer 2 nyritakake kahanan kutha Yogyakarta sing dadi jujugane para wisatawan. 

b. Ukara Lamba

Ukara Lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.

Tuladha: Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan. 

Para siswa kelas 9 = jejer

Nulis                      = wasesa

Laporan kegiatan   = lesan

c. Ukara Camboran

Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sejajar lan camboran susun.

1. Ukara camboran sajajar

Ukara camboran sejajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar  wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng tuladhane : lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane.

Tuladha:

(1). Bani mangan bakso lan Doni mangan soto

(2). Sumantri awake kuru, nanging Gunawan awake lemu.

2. Ukara camboran susun

Ukara camboran susun yaiku ukara kang kadadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku (induk kalimat), gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang diarani uga ukara tambahan (anak kalimat).

Tuladha: 

(1). Rina ora melu dolan menyang omahe Gina // jalaran lara.

Rina ora melu dolan menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti.

Jalaran lara, sing diarani klausa pang.

(2). Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku.

Nalika mulih sekolah sing diarani klausa pang.

Dwiki mampir toko buku, sing diarani klausa inti.



PAUGERAN NULIS TEKS LAPORAN KEGIATAN

Ana bab-bab kang kudu digatekake sajroning nulis laporan kegiatan, ing antarane yaiku:

(1) Nulis laporan kegiatan kudu migatekake struktur teks.

(2) Nulis laporan kegiatan kudu runtut kareben gampang dimangerteni kanthi migunakake tata basa sing bener. Supaya runtut mula gunakna pitakon kang nganggo unsur 5W lan 1H.

Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan:

1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang.

2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong.

3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa, gunane kanggo nakokake alasan.

4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu.

5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan.

6. How, tegese kepriye.Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.


Supaya luwih paham, ayo disimak video iki !

https://youtu.be/IIcjL0Rn5bA

Kanggo latihan, garapen tugas iki !

https://forms.gle/PZrRuRWQZc5ff4S76



MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...