Senin, 24 Agustus 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX Pekan 4

Pekan 4

AKSARA REKAN & ANGKA JAWA

Tujuan : Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi (aksara rekan & angka jawa)

  1. Menuliskan wujud 5 aksara rekan
  2. Menyebutkan aturan penulisan aksara rekan
  3. Menulis  kalimat yang menggunakan aksara rekan
  4. Menuliskan wujud angka Jawa
  5. Menyebutkan aturan penulisan angka Jawa
  6. Menulis kalimat yang menggunakan angka Jawa

MATERI

1. Aksara Rekan

Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung saka basa Arab. Menawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. Cacahe aksara rekan iku ana lime, dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki:

      





2. Angka Jawa 

Angka Jawa wiwit angka 1 nganti 9 lan ditambah 0. Dene, wujude angka Jawa, yaiku:






Supaya luwih faham materi unggah-ungguh basa, ayo nonton video ing link ngisor iki!






Selamat Belajar, Semoga Sukses! 😉😉












Selasa, 04 Agustus 2020

MATERI BAHASA JAWA SMP KELAS IX Pekan ke 3

Pekan ke 3
Tujuan : Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi 

MATERI

Unggah-ungguh basa 

Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing kalodhangan iki ngelingake bab basa krama kang kaperang dadi loro, yaiku:

1. Basa krama lugu / krama madya

 a) Paugerane basa krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman.
b) Gunane basa krama lugu
Basa krama lugu iku dienggo guneman dening: 
(1) kanca padha kanca sing durung kulina
(2) wong sing lagi tetepungan anyar
(3) wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
c) Wewatone basa krama lugu
(1) Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko.
Tuladhane:
Basa ngoko:
aku arep tuku woh-wohan, kayata: pelem, nanas, gedhang, lan anggur.
Basa krama lugu:
kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.
(2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake.
Tuladhane:
Basa ngoko:
kowe apa wis weruh omahku, saiki bojoku wis mulih.
Basa krama lugu:
Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.
(3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake.
Tuladhane:
Basa ngoko:
Tanggaku nganti saiki isih lara durung bisa mlaku
Basa krama lugu:
Tanggi kula ngantos sapunika taksih sakit dereng saged mlampah.

2. Basa krama alus / krama inggil

a) Paugerane basa krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan kan nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe tetep nggunakake krama lugu.
b) Gunane basa krama alus
Basa krama alus digunakake dening:
(1) anak marang wong tuwa
(2) murid marang guru
(3) wong enom marang wong tuwa
(4) wong kang lagi tetepungan 
c) wewatone basa krama alus
(1) Tembung-tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus, sing mung ana krama lugune diganti tembung krama lugu, dene sing ngoko ora ana tembung kramane tetep tembung ngoko wae.
Tuladhane:
Basa ngoko:
bojone Pak Tarji tuku gedhang, pelem, karo apel.
Basa krama alus:
Garwanipun Pak Tarji mundhut pisang, pelem, kaliyan apel.
(2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus, ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko.
Tuladhane:
Basa ngoko:
Nalika anake Bu Lurah lara, anakku durung mulih
Basa krama alus:
Wekdal putranipun Bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul.
(3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu; yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembunge ngoko.
Tuladhane:
Basa ngoko:
Pak Broto pikirane rada kuwatir, sapine sing lara ora gelem mangan, tandurane pari akeh sing rusak.
Basa krama alus:
Pak Broto manahipun radi kuwatos, lembunipun ingkang sakit mboten purun nedha, tanemanipun pantun kathah ingkang risak

Supaya luwih faham materi unggah-ungguh basa, ayo nonton video ing link ngisor iki!


Selamat belajar, Semoga sukses ....

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...