Selasa, 13 Oktober 2020

MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB II Pekan 4

NULIS NASKAH DRAMA TRADISIONAL

Tujuan : menjelaskan langkah-langkah menulis naskah drama tradisional 

MATERI

NULIS NASKAH DRAMA TRADISIONAL

Naskah drama utawa skenario iku karangan kang isine crita utawa lakon sing dumadi saka pirang-pirang babak. Saben babak  kaperang dadi pirang-pirang adegan. Saben adegan diwatesi owah-owahan swasana, papan, wektu utawa tekaning paraga liya. 

Naskah kuwi ngemot dialog, kahanane panggung (lampu, rias, busana, iringan ) kalebu katrangan ngenani kahanan utawa swasana, watak, lan tingkah lakuning paraga.

Urut-urutane nulis naskah drama tradisional :

1. tema

2. watak paraga

3. alur drama

4. cengkorangan naskah

5. nyusun naskah


1. Nemtokake Tema 

Tema yaiku gagasan sing dianggo dhasar lakon

Tema bisa saka angen-angenmu dhewe, dijupuk saka kedadeyan nyata kang ing panguripan sadina-dina, utawa crita sing wis ana. 

Bisa bab katresnan, perjuwangan, bebrayan, kulawarga lan sapanunggalane.

2. Nemtokake karakter lan watak paraga 

Karakter lan watak paraga bisa dituduhake lumantar :

- katrangan langsung ing sajroning crita

- pacelathon atawa dialog

- solah tingkahe paraga

- pikiran utawa gagasane paraga

- sandhang panganggo lan pacake paraga.

Paraga miturut watake kaperang dadi telu : 

- protagonis

- antagonis

- tritagonis

Protagonis  lumrahe paraga sing disenengi dening wong sing maca utawa sing ndelok . Nduweni watak utama lan seneng tumindak becik.

Umpamane : grapyak semanak, lembah manah, seneng tetulung, lsp.

Antagonis lumrahe paraga sing digething wong kang maca utawa sing ndelok. Nduweni watak sing ala lan seneng tumindak ora becik.

Umpamane : angkuh, drengki, seneng gawe kisruh, lsp

Tritagonis lumrahe paraga kang nengahi perkara, ora mihak kana kene utawa netral.

3. Nyusun Alur Drama

Alur yaiku tahapan kadadeyan sajroning crita drama.

1. eksposisi : nepungake crita

2. konflik : wiwit muncule perkara

3. komplikasi : perkara dadi ruwet

4. klimaks : puncake perkara

5. resolusi : perkara wiwit ana kerampungane

6. keputusan : konflik rampung


4. Gawe Cengkorongan = kerangka

eksposisi - konflik - komplikasi - klimaks - resolusi - keputusan


5. Nulis Naskah 

Sawise cengkorongan wis dadi dibacutake nulis naskah drama sing utuh kanthi nggatekake rerangkening kedadeyan, latar/ setting, prolog-dialog-epilog, pituduh tindak tanduk paraga jumbuh karo alur sing wis digawe. 

Pacelathon utawa dialog ing naskah diarani WAWANCANG. Dene katrangan kang ditulis ana tandha kurung diarani PANDOM utawa KRAMAGUNG.


Supaya luwih jelas penjelasane, ayo disimak video iki 

https://youtu.be/bDD19tCDHtU


Gladhen 

Goleka crita rakyat banjur gawea cengkorongan tumuli kembangna dadi naskah drama tradisional sababak wae!





MATERI BAHASA JAWA KELAS IX BAB II Pekan 3

NINTINGI STRUKTUR TEKS DALAM  DRAMA TRADISIONAL


Tujuan : mencermati dan menemukan struktur teks dalam sebuah cerita drama tradisional

MATERI 

Struktur Teks Drama Tradisional :

1. tema

2. alur : alur maju, alur mundur, alur flashback

3. setting: setting wayah, setting papan, setting suasana

4. penokohan : - paraga utama : antagonis, protagonis

                         - paraga panyengkuyung : tritagonis

5. amanat  : pesan moral sing isa dituladha


Ing ngisor iki ana link video pentas drama tradisional lan penjelasan babagan struktur teks drama tradisional, ayo disimak bareng-bareng lan ayo ditintingi strukture.

klik di sini




MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...