Senin, 27 Juli 2020

MATERI BAHASA JAWA SMP KELAS IX pekan 2

Pekan 2
Tujuan :
Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil obsservasi

MATERI

  • Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Wis samesthine yen basa kang digunakake basa kang baku, beda karo basa kang diggunakake ing karya sastra.
  • Ukara miturut jinis wasesane
1. Ukara tanduk = Kalimat aktif
yaiku ukara kang wasesane tembung tanduk. Dene tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara (m, n, ng, ny).
Tuladha :
a. Ani nyiram kembang 
b. Budi makani pitik 
 2. Ukara tanggap = Kalimat pasif 
yaiku ukara kang wasesane tembung tanggap. Dene tembung tanggap iku tembung kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di)
Tuladha:
a. Kembang disiram Ani
b. Bukumu dak jupuk
  • Ukara miturut isine
1. Ukara andharan/pawarta = Kalimat berita
2. Ukara pitakon = Kalimat tanya
3. Ukara pakon = Kalimat perintah
4. Ukara panguwuh = Nggambarake rasa ora percaya, rmosi sing kuat, rasa gumun.
Cirine: diwiwiti kanthi tembung panguwuh
Panguwuh = sambat, rasa pangrasa (kata seru). contone adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lan sapanunggalane.
5. Ukara sambawa = Ukara sing medharake rasa pangarep-arep.
Contone: upama lan senajan.
6. Ukara pamenging = Larangan. 
Biasane nganggo tembung aja utawa ampun

TUGAS
1. Gaweo ringkesan materi pekan 1 wingi (Struktur teks laporan asil observasi) tekan saiki (pekan 2)
2. Gaweo conto/tuladha-tuladha ukara tanduk lan ukara tanggap, saben ukara 5 tuladha.
Tulisen tugasmu iku ana ing buku tulis, difoto, lan dikirim ana ing link ngisor iki 
 

Selamat belajar, Semoga sukses ....


Minggu, 19 Juli 2020

MATERI BAHASA JAWA SMP KELAS IX pekan 1

WULANGAN  1

KD 3.1 Memahami teks hasil observasi dalam bentuk laporan 
kD  4.1 Menyusun teks observasi dalam bentuk laporan 


Pekan 1

Tujuan : 
1. mengidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi
2. menganalisis struktur teks laporan hasil observasi.

MATERI
  
. Struktur laporan hasil observasi :




Katrangan :

  • Dhefinisi umum / idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang,tandha, lan sapanunggalane. 
  • Dheskripsi bagian / klasifikasi yaiku perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. 
  • Dheskripsi manfaat / kagunan yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.


untuk lebih memahami lebih  silahkan pelajari video ini !


untuk latihan silahkan kerjakan quis ini !



Selamat belajar, Semoga sukses ....



MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...