Senin, 27 Juli 2020

MATERI BAHASA JAWA SMP KELAS IX pekan 2

Pekan 2
Tujuan :
Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil obsservasi

MATERI

  • Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Wis samesthine yen basa kang digunakake basa kang baku, beda karo basa kang diggunakake ing karya sastra.
  • Ukara miturut jinis wasesane
1. Ukara tanduk = Kalimat aktif
yaiku ukara kang wasesane tembung tanduk. Dene tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara (m, n, ng, ny).
Tuladha :
a. Ani nyiram kembang 
b. Budi makani pitik 
 2. Ukara tanggap = Kalimat pasif 
yaiku ukara kang wasesane tembung tanggap. Dene tembung tanggap iku tembung kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di)
Tuladha:
a. Kembang disiram Ani
b. Bukumu dak jupuk
  • Ukara miturut isine
1. Ukara andharan/pawarta = Kalimat berita
2. Ukara pitakon = Kalimat tanya
3. Ukara pakon = Kalimat perintah
4. Ukara panguwuh = Nggambarake rasa ora percaya, rmosi sing kuat, rasa gumun.
Cirine: diwiwiti kanthi tembung panguwuh
Panguwuh = sambat, rasa pangrasa (kata seru). contone adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lan sapanunggalane.
5. Ukara sambawa = Ukara sing medharake rasa pangarep-arep.
Contone: upama lan senajan.
6. Ukara pamenging = Larangan. 
Biasane nganggo tembung aja utawa ampun

TUGAS
1. Gaweo ringkesan materi pekan 1 wingi (Struktur teks laporan asil observasi) tekan saiki (pekan 2)
2. Gaweo conto/tuladha-tuladha ukara tanduk lan ukara tanggap, saben ukara 5 tuladha.
Tulisen tugasmu iku ana ing buku tulis, difoto, lan dikirim ana ing link ngisor iki 
 

Selamat belajar, Semoga sukses ....


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MATERI BAHASA JAWA KELAS 9 BAB V Pekan 2

UNSUR BASA TEKS LAPORAN KEGIATAN Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta:...